Saturday, February 6, 2016

Leicester City Menang Neng Kandhange Manchester City 1-3

Manchester City digawe isin karo tamune Leicester City kanthi skor 1-3 neng Stadion Etihad bengi iki WIB.

Robert Huth ngegolne loro lan Riyad Mahrez siji.

Manchester City kangelan anggone ngosak-asik bek Leicester sing  dilatih Claudio Ranieri, lan mung isa mbales siji gol lewat Sergio Aguero.

Merga menang 3-1 iki, Leicester City isih tetep neng nomer siji klasemen Liga Primer Inggris kanthi ngumpulke 53 angka, nem angka neng sak ndhuwure City.

Edyaan tenan Leicester City musim iki....

Iki Postingan Sing Kapisan

Sugeng rawuh para sedulur sedaya.

Aku Andi, cah ndeso sing seneng blogging. Neng postingan sing kapisan iki, aku ora bakal nulis akeh.

Mung sejatine ki, blog ku iki arep tak iseni nganggo basa Indonesia. Nanging, mbuh entuk wangsit apa bengi iki, ujug-ujug njedhul pikiran nggawe blog basa Jawa.

Ya, blog sing tulisane nganggo basa Jawa. Ya wis,

Dadi, nganti sak teruse, aku bakal nganggo basa Jawa ana ing blog Andi-suroso.blogspot.com.

Muga-muga isa dadi penglipur kanggo para sedulur kabeh sak ndonya.

Salam paseduluran :)